Khutbah I
اَلْحَمْدُ للهِ الْمَوْجُوْدِ
أَزَلًا وَأَبَدًا بِلَا مَكَانٍ، وَالصَّلَاةُ وَالسَّلَامُ الْأَتَمَّانِ
الْأَكْمَلَانِ، عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ سَيِّدِ وَلَدِ عَدْنَانَ، وَعَلَى
آلِهِ وَصَحْبِهِ وَمَنْ تَبِعَهُمْ بِإِحْسَانٍ، أَشْهَدُ أَنْ لَّا إِلهَ إِلَّا
اللهُ وَحْدَهُ لَا شَرِيْكَ لَهُ، وَأَشْهَدُ أَنَّ سَيِّدَنَا مُحَمَّدًا
عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ، لَا نَبِيَّ بَعْدَهُ. أَمَّا بَعْدُ، فَإِنِّي
أُوْصِيْكُمْ وَنَفْسِيْ بِتَقْوَى اللهِ الْعَلِيِّ الْقَدِيْرِ الْقَائِلِ فِيْ
مُحْكَمِ كِتَابِهِ: إِنَّ الَّذِينَ قَالُوا رَبُّنَا اللَّهُ ثُمَّ اسْتَقَامُوا
تَتَنَزَّلُ عَلَيْهِمُ الْمَلَائِكَةُ أَلَّا تَخَافُوا وَلَا تَحْزَنُوا
وَأَبْشِرُوا بِالْجَنَّةِ الَّتِي كُنْتُمْ تُوعَدُونَ
Ma’asyiral
Muslimin rahimakumullah,
Sedaya puji
namung kagungan Allah ta’ala. Dzat ingkang Maha Kawasa. Dzat ingkang maringi
kita kathah kanugrahan. Sedaya kanugrahan punika mangga tansah kita syukuri,
kanthi mindakaken takwa kita dhateng Allah ta’ala. Takwa kelawan nindakake
perintah lan nilar sedaya larangan saking Allah ta’ala. Mugi-mugi kita dados
tiyang ingkang begja wonten ing dunya lan akhirat. Ugi istiqamah ing dalem
nglampahi titah saking Gusti Allah ta’ala.
Ma’asyiral Muslimin rahimakumullah
Istiqamah artosipun inggih punika saget ngajegake
ing dalem taat dhateng Allah. Tiyang ingkang istiqamah tansah jaga nglampahi
kewajiban uga saget nebihi lan nilar sedaya ingkang dipun haramaken Allah.
Tiyang-tiyang ingkang mekaten, mangka ana ing akhirat, bakal
mlebet swarga. Allah ta’ala sampun paring dhawuh:
فَاسْتَقِمْ كَمَآ اُمِرْت
وَمَنْ تَابَ مَعَكَ وَلَا تَطْغَوْاۗ اِنَّهٗ بِمَا تَعْمَلُوْنَ بَصِيْرٌ
Artosipun: “Mangka jejega (istiqamah) sira, kaya
olehe den printah sira lan wong kang taubat sartane sira, lan aja padha lacut
sira kabeh. Setuhune Allah iku Mirsani apa kang kabeh mbok lakoni,” (QS
Hud:112)
Wonten ing ayat sanesipun Allah ta’ala ugi
dhawuhake:
إِنَّ الَّذِينَ قَالُوا
رَبُّنَا اللَّهُ ثُمَّ اسْتَقَامُوا تَتَنَزَّلُ عَلَيْهِمُ الْمَلَائِكَةُ
أَلَّا تَخَافُوا وَلَا تَحْزَنُوا وَأَبْشِرُوا بِالْجَنَّةِ الَّتِي كُنْتُمْ
تُوعَدُونَ (فصلت: ٣٠)
Artosipun: “Saktemene wong-wong kang padha ngucap:
utawi Pengeran ingsun kabeh, iku Gusti Allah. Nuli padha jejeg (istiqamah),
mangka malaikat bakal temurun sarta padha matur, aja wedi lan aja susah. Lan
bungaha sira kabeh, kelawan suwarga ingkang sampun dijanjikake Allah,”
(QS Fushshilat: 30).
Wonten ing kitab Tafsir Al Ibriz dipun terangake, bilih tiyang
ingkang istiqomah, tegese tiyang ingkang netepi tauhid lan nindaake
kewajiban-kewajiban, mangka wong kaya iku wau nalikane arep mati, malaikat
padha medun nekani deweke, lajeng dhawuh: Sira kabeh aja padha wedi (ngadepi
pati) lan susah (ninggalake keluarga lan liya-liyane).
Lan janjine Allah ta’ala, yaiku kabar bungah arupi
suwarga maring tiyang-tiyang ingkang istiqamah kaya mengkunu iku.
Ma’asyiral Muslimin rahimakumullah,
Istiqamah dados perkawis ingkang penting, kangge
cekelan kita ing dalem nglampahi gesang wonten ing zaman ingkang penuh
tantangan sakmenika.
Tiyang ingkang istiqamah ing ndalem gujengi
ajaran agama lan ketaatan dhateng Gusti, piyambake bakal urip tentrem, adem,
ayem. Ora gampang kabujuk marang gumebyare dunya. Ora gampang nglarani ati wong
liya lan kosok wangsule, ora gampang lara ati. Sebab uripe tansah
disandarke maring Gusti Allah.
Senajan katon entheng utawi sepele, ananging
istiqamah menika sejatine dados perkawis ingkang agung. Sebab kedudukanipun
ingkang agung menika, wonten pangandikan: "al istiqamah khairun min alfi
karamah", setunggal amal ingkang istiqamah, niku langkung sahe tinimbang
sewu karomah.
Ma’asyiral Muslimin rahimakumullah,
Pramila, mangga kita tansah istiqamah
ing ndalem ajaran Islam, senaoso zaman terus berubah. Kita manfaatke,
urip ingkang sementara niki, kangge taat dhateng Allah ta’ala. Urip wonten ing dunya niki,
inggih punika nikmat ingkang kedah dipun syukuri, supados kita angsal kesaenan
wonten ing dunya lan akhirat.
Kita dedunga kalian Allah ta’ala mugi kita saget
tansah istiqamah ing dalem taat dhateng Allah ta’ala. Amin ya Rabbal Alamin.
أَقُوْلُ
قَوْلِيْ هٰذَا وَأَسْتَغْفِرُ اللهَ لِيْ وَلَكُمْ، فَاسْتَغْفِرُوْهُ، إِنَّهُ
هُوَ الْغَفُوْرُ الرَّحِيْمُ
Khutbah II
اَلْحَمْدُ
للهِ وَكَفَى، وَأُصَلِّيْ وَأُسَلِّمُ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ الْمُصْطَفَى،
وَعَلَى آلِهِ وَأَصْحَابِهِ أَهْلِ الْوَفَا. أَشْهَدُ أَنْ لَّا إِلهَ إِلَّا
اللهُ وَحْدَهُ لَا شَرِيْكَ لَهُ، وَأَشْهَدُ أَنَّ سَيِّدَنَا مُحَمَّدًا
عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ. أَمَّا بَعْدُ، فَيَا أَيُّهَا الْمُسْلِمُوْنَ،
أُوْصِيْكُمْ وَنَفْسِيْ بِتَقْوَى اللهِ الْعَلِيِّ الْعَظِيْمِ وَاعْلَمُوْا
أَنَّ اللهَ أَمَرَكُمْ بِأَمْرٍ عَظِيْمٍ، أَمَرَكُمْ بِالصَّلَاةِ وَالسَّلَامِ
عَلَى نَبِيِّهِ الْكَرِيْمِ فَقَالَ: إِنَّ اللَّهَ وَمَلَائِكَتَهُ يُصَلُّونَ
عَلَى النَّبِيِّ، يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا صَلُّوا عَلَيْهِ وَسَلِّمُوا
تَسْلِيمًا، اَللّٰهُمَّ صَلِّ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِ سَيِّدِنَا
مُحَمَّدٍ كَمَا صَلَّيْتَ عَلَى سَيِّدِنَا إِبْرَاهِيْمَ وَعَلَى آلِ سَيِّدِنَا
إِبْرَاهِيْمَ وَبَارِكْ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِ سَيِّدِنَا
مُحَمَّدٍ كَمَا بَارَكْتَ عَلَى سَيِّدِنَا إِبْرَاهِيْمَ وَعَلَى آلِ سَيِّدِنَا
إِبْرَاهِيْمَ، فِيْ الْعَالَمِيْنَ إِنَّكَ حَمِيْدٌ مَجِيْدٌ. اَللّٰهُمَّ
اغْفِرْ لِلْمُسْلِمِيْنَ وَالْمُسْلِمَاتِ والْمُؤْمِنِيْنَ وَالْمُؤْمِنَاتِ
الْأَحْيَاءِ مِنْهُمْ وَالْأَمْوَاتِ، اللهم ادْفَعْ عَنَّا الْبَلَاءَ
وَالْغَلَاءَ وَالْوَبَاءَ وَالْفَحْشَاءَ وَالْمُنْكَرَ وَالْبَغْيَ
وَالسُّيُوْفَ الْمُخْتَلِفَةَ وَالشَّدَائِدَ وَالْمِحَنَ، مَا ظَهَرَ مِنْهَا
وَمَا بَطَنَ، مِنْ بَلَدِنَا هَذَا خَاصَّةً وَمِنْ بُلْدَانِ الْمُسْلِمِيْنَ
عَامَّةً، إِنَّكَ عَلَى كُلِّ شَيْءٍ قَدِيْرٌ عِبَادَ اللهِ، إنَّ اللهَ
يَأْمُرُ بِالْعَدْلِ وَالْإحْسَانِ وَإِيْتَاءِ ذِي الْقُرْبَى ويَنْهَى عَنِ
الفَحْشَاءِ وَالْمُنْكَرِ وَالبَغْيِ، يَعِظُكُمْ لَعَلَّكُمْ تَذَكَّرُوْنَ.
فَاذكُرُوا اللهَ الْعَظِيْمَ يَذْكُرْكُمْ وَلَذِكْرُ اللهِ أَكْبَرُ
Ajie Najmuddin, Pengurus MWCNU Banyudono Boyolali,
Jawa Tengah
Tidak ada komentar:
Posting Komentar